Ning Angkringan | Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo

Pages

Ning Angkringan

Malem minggu jebule udan,masio ngono, ora nyiutke nyaline Bejo apel ning omahe Juminten ngejak mangan ning angkringan

Bejo : Dik, pean pesen opo...?
Juminten : Aku mung pesen,tulung pean sregep sikatan mas...dadi aku iso mbedake endi ambu abab mu endi ambu septictank...xixixi
Bejo : pean opo durung pernah ngrasake oseng oseng sendal jepit Dik...ngomong asal nyuoro
Juminten : ...Guyon mas...ngono wae nesu...xixixixi (njiwit irunge Bejo)


Bejo : Dik, kulit mu alus katon sutra...ambu mu wangi katon kembang mawar...awak mu semok katon....
Juminten : uwis mas...ora usah nggombal...pean pingen opo...?
Bejo : hehew...tulung silihe dwite Dik, aku lagi bokek ora duwe dwit gawe mbayar mangan
Juminten : *nggeblak*cruuut...mimisen*

Bejo : Bapake pean tani kopi yo Dik...
Juminten : kok ngerti mas...?
Bejo : mergo eseme pean garai aku kangelan turu...axixixi (njiwit pupune Juminten)
Juminten : mas Bejo iso wae...(glendotan pundake Bejo)

Bejo : Dik, bapake pean dodolan pembalut yo...
Juminten : kok ngerti mas...?
Bejo : mergo tresno mu mbalut ati ku Dik...axixixi (ngelus elus tangane Juminten)
Juminten : aw...aw..aw...ati ku katon miber mas...
Bejo : ojo dhuwur dhuwur mibere Dik...mengko mundhak tibo...hehew

Bejo : Dik, bapake pean...
Juminten : ora penting bapak ku gaweane opo Mas...sing penting pean iku calon bapak kanggo anak anak'e dhewe suk mbhen...xixixi
Bejo : aaaahhhh...Dik Juminten iso wae garai aku mabok kepayang (mlompat mlompat)

Juminten : mas, bapake pean tukang gosek rosok yo...
Bejo : kok ngerti Dik...(ngarep ganti di gombali)
Juminten : sing sabar wae yo mas...urip iku pancen susah...opo meneh di tambah rupane pean pas pasan
Bejo : *mbanting gelas*njungkelke grobak angkringan*

Bejo : Dik, pean ngerti ora...opo sing marai tresnone dhewe awet nganti saiki...
Juminten : ???
Bejo : mergo anu-ku sing coklat lan gedhe Dik...
Juminten : MAS...!
Bejo : di tambah perpaduan kacang sing gurih lan lembut
Juminten : MAS...LAMBENE PEAN WES TAU DI JEJELI LINGGIS TERUS DI SUMETI MERCON DURUNG...NGOMONG KOK ASAL JEPLAK...SAIKI DHEWE PUTUS !!!

Bejo : SILV*R QUEEN DIK...SILV*R QUEEN MAKSUT KU

0 comments:

Post a Comment

© -Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo | Blogger Template HTML 5 | Designed by kimzigr | Using The 1KB Grid | Powered by Blogger